Cerkak
Donya
Anyar Kaukir maneh
Dening:
Supriyadi
“Iki
mengko aku teka, kambile kabeh kudu wis rampung disumbat. Aja lali
dhewek-dhewekna gedhe cilike ya!”
Sawise
nampa telpun bakul kambil saka Semarang, hape dakglethakake meja. Dheweke kuwi kanca bakul sing wis akrab
banget karo aku. Kursi dakgeser cedhak lawang, lungguh leyeh-leyeh ngawasi
tenaga rewang sing lagi milihi kambil, sinambi ngadhep kopi. Tembunge juragan
kambil saka Semarang liwat telpun mau
isi dumeling, “Mas, mengko aja lunga. Aku sida mrono njupuk kambil, isasn
ketemu. Terna aku menyang kali Urang.”
“Menyang
kali Urang? Gelem wae waton diopahi,” wansulanku sembranan.
“Wis
kuwi gampang. Ya wis ya, jam telu aku mengko tekan omahmu,” bubar ngucap ngono
hapene muni thut thut thut, telpune
dipateni. Durung nganti setengah jam kopiku wis tandhas. Bakule kambil teka,
ning isi teka ing pikiran durung wujud uwonge. Ngapa ya dheweke ngajak aku
meyang kali Urang? Pikiranku wis tekan sing ora-ora.
Yen
pikiranku blingsatan ya tinemu nalar. Sebab bakule kambil kuwi wanita ayu tur
randha pisan. Sing dakwedeni, ipama
anggonku ngeterake nganti wengi, banjur kena godhane iblis ngono gek piye?
Upama getih lanangku umob kegodha ayune,
banjur ing sisi liya dheweke pengin mbuwang sepine? Ora mokal yen kabeh bisa
kadedayan.
Thrt thrit... hapeku kedher, ana sms
mlebu. Jebul saka bakule kambil. Unine cekak: “Ana sisihanmu ora mas?”
Durung
nganti sms dakbelas, ana pick up ngener omahku. Sing nyupir wong lanang
setengah tuwa lan ing kursi sisihe ana wanita ayu, ya bakule kambil sing
takangen-angen mau. Sawise tekan ngarep omah, pick up dipateni. Lawang mobil
sisih kiwa alon-alon dibukak. Sawise mudhun wanita kuwi bablas marani anggonku
ngadeg.
“Piye
mas kabare?” bakul kambil sing jenenge Rini kuwi takon sinambi ngajak salaman.
“Apik.
Dhik Rini dhewek lak ya sehat ta?” wangsulanku. Sssrrr... getihku mili banter
nalika nampani tangane. Epek-epeke lumer. Ganda arum saka anggane sumebar kagawa
angin.
“Apik
uga mas, ning isih durung entuk ganti.
Endi sisihanmu mas, lagi ngapa? Aku pengin ketemu,” Rini sing wis akrab karo
aku kuwi lingak-linguk.
Dheweke
mung daksawang. Nadyan wis randha nanging tetep ayu. Sapa ta sing nula upama
dadi bojone? Apa bener deweke durung entuk ganti? Apa ukara kaya ngono kuwi mu
ora mung trik kanggo nglancarake anggone bebakulan? Supaya bakul-bakul kaya aku
ngene iki kegodha lan wusanane gelem ngedol dagangan marang dheweke kanthi rega
miring?
“Eh
mas, endi sisihanmu?” dheweke takon meneh.
“Bojoku
wis pindhah menyang Jakarta,” wangsulanku apa anane.
“Lho,
lha anakmu?”
“Ya
melu mrana, sekolah ing kana.”
“Wah
dadi ora penak aku. Ning ya rada kebeneran dhing hik.hik.”
“Maksudmu?”
“Sida
ya ngeterake aku menyang kali Urang? Asline ya ora kepenak yen ora pamit marang
sisihanmu. Ning piye maneh mas, aku pacen butuh banget pitulunganmu. Mung rada
kebeneran sisihanmu pas ora ana ngomah. Dadi kapeksane glem lak, ya ora
diseneni ta, merga ora konangan hehehe...”
“O
nek perkara kuwi gampang. Na utwa ora ana sisihku tetep bisa ngeterake kowe
kok. Mosok diajak dolan wong ayu kok nulak.”
Rini
mesem krungu pambedaku. Dheweke banjur marani sopire sing lagi ngetung kambil
daganganku. Ujare ngemuprentah, “lik, kambile ungguhna menyang mobil ya! Aku
arep lunga dhisik karo ase iki, yen kewengen ya ngineb kali Urang. Entenana
kene satekaku lho ya!”
Ngnep?
Wah dumeh randha banjur arep nginep saenggon-enggon. Ning ya ana benere merga
upama ora mulih dheweke wis ora ana sing nakokake. Tur meneh yen mung nyewa
losmen ing kali urang wae ya entheng kanggo rini.
“Mas
apa sampeyan gelem ngepek aku tenan?” pitakonesrius sinambi myawang aku.
“
Gelem. Ning apa kono gelem?”
“Upama
aku gelem dakkira tangeh kelakone,” kandhane kanthi panyawang tumlawung.
“
Rin, apa kabeh kandhamu kuwi kena dakagumi? Yen pancen kowe gelem urip karo aku
enggal dirembug tuwa.ning aku pengin tresna sing sawetara kaya bojoku biyen.
Kudu nganti tumekane pati.”
“
Matur nuwun ya mas,” ngucap mangkono dheweke sinambi arep ngekap awaku ning
dakcegah.
“Dhik,
sapurane ya, mbesuk wae yen wis dadi bojo. Awake dhewe mrene maneh, nginep
sakatoge.”
“Ah
njenengan ki nyebeli,” dheweke mleruk, tangane kumlawa njiwit bangkekanku.
Daksawang
srengenge meh anglusup ing sisih kulon. Dakuripke pit motorku mumpung, adzan
magrib durung keprungu ing gegana. Setengah jam kayane cukup kanggo mudhun
golek masjid ing pakem. Aku pengin ndonga marang Allah muga-muga kasil mbangun
kulawarga maneh. Kulawarga sing wutuh sasuwene nyawa manjing ing raga.
Sumber: Panjebar Semangat No.1-7
januari 2012