Senin, 04 Januari 2016

Cerkak Jawa


Cerkak
Donya Anyar Kaukir maneh
Dening: Supriyadi


          “Iki mengko aku teka, kambile kabeh kudu wis rampung disumbat. Aja lali dhewek-dhewekna gedhe  cilike ya!”
          Sawise nampa telpun bakul kambil saka Semarang, hape dakglethakake meja.  Dheweke kuwi kanca bakul sing wis akrab banget karo aku. Kursi dakgeser cedhak lawang, lungguh leyeh-leyeh ngawasi tenaga rewang sing lagi milihi kambil, sinambi ngadhep kopi. Tembunge juragan kambil saka Semarang  liwat telpun mau isi dumeling, “Mas, mengko aja lunga. Aku sida mrono njupuk kambil, isasn ketemu. Terna aku menyang kali Urang.”
          “Menyang kali Urang? Gelem wae waton diopahi,” wansulanku sembranan.
          “Wis kuwi gampang. Ya wis ya, jam telu aku mengko tekan omahmu,” bubar ngucap ngono hapene muni thut thut thut, telpune dipateni. Durung nganti setengah jam kopiku wis tandhas. Bakule kambil teka, ning isi teka ing pikiran durung wujud uwonge. Ngapa ya dheweke ngajak aku meyang kali Urang? Pikiranku wis tekan sing ora-ora.
          Yen pikiranku blingsatan ya tinemu nalar. Sebab bakule kambil kuwi wanita ayu tur randha pisan.  Sing dakwedeni, ipama anggonku ngeterake nganti wengi, banjur kena godhane iblis ngono gek piye? Upama getih lanangku  umob kegodha ayune, banjur ing sisi liya dheweke pengin mbuwang sepine? Ora mokal yen kabeh bisa kadedayan.
          Thrt thrit... hapeku kedher, ana sms mlebu. Jebul saka bakule kambil. Unine cekak: “Ana sisihanmu ora mas?”
          Durung nganti sms dakbelas, ana pick up ngener omahku. Sing nyupir wong lanang setengah tuwa lan ing kursi sisihe ana wanita ayu, ya bakule kambil sing takangen-angen mau. Sawise tekan ngarep omah, pick up dipateni. Lawang mobil sisih kiwa alon-alon dibukak. Sawise mudhun wanita kuwi bablas marani anggonku ngadeg.
          “Piye mas kabare?” bakul kambil sing jenenge Rini kuwi takon sinambi ngajak salaman.
          “Apik. Dhik Rini dhewek lak ya sehat ta?” wangsulanku. Sssrrr... getihku mili banter nalika nampani tangane. Epek-epeke lumer. Ganda arum saka anggane sumebar kagawa angin.
          “Apik uga mas, ning  isih durung entuk ganti. Endi sisihanmu mas, lagi ngapa? Aku pengin ketemu,” Rini sing wis akrab karo aku kuwi lingak-linguk.
          Dheweke mung daksawang. Nadyan wis randha nanging tetep ayu. Sapa ta sing nula upama dadi bojone? Apa bener deweke durung entuk ganti? Apa ukara kaya ngono kuwi mu ora mung trik kanggo nglancarake anggone bebakulan? Supaya bakul-bakul kaya aku ngene iki kegodha lan wusanane gelem ngedol dagangan marang dheweke kanthi rega miring?
          “Eh mas, endi sisihanmu?” dheweke takon meneh.
          “Bojoku wis pindhah menyang Jakarta,” wangsulanku apa anane.
          “Lho, lha anakmu?”
          “Ya melu mrana,  sekolah ing kana.”
          “Wah dadi ora penak aku. Ning ya rada kebeneran dhing hik.hik.”
          “Maksudmu?”
          “Sida ya ngeterake aku menyang kali Urang? Asline ya ora kepenak yen ora pamit marang sisihanmu. Ning piye maneh mas, aku pacen butuh banget pitulunganmu. Mung rada kebeneran sisihanmu pas ora ana ngomah. Dadi kapeksane glem lak, ya ora diseneni ta, merga ora konangan hehehe...”
          “O nek perkara kuwi gampang. Na utwa ora ana sisihku tetep bisa ngeterake kowe kok. Mosok diajak dolan wong ayu kok nulak.”
          Rini mesem krungu pambedaku. Dheweke banjur marani sopire sing lagi ngetung kambil daganganku. Ujare ngemuprentah, “lik, kambile ungguhna menyang mobil ya! Aku arep lunga dhisik karo ase iki, yen kewengen ya ngineb kali Urang. Entenana kene satekaku lho ya!”
          Ngnep? Wah dumeh randha banjur arep nginep saenggon-enggon. Ning ya ana benere merga upama ora mulih dheweke wis ora ana sing nakokake. Tur meneh yen mung nyewa losmen ing kali urang wae ya entheng kanggo rini.
          “Mas apa sampeyan gelem ngepek aku tenan?” pitakonesrius sinambi myawang aku.
          “ Gelem. Ning apa kono gelem?”
          “Upama aku gelem dakkira tangeh kelakone,” kandhane kanthi panyawang tumlawung.
          “ Rin, apa kabeh kandhamu kuwi kena dakagumi? Yen pancen kowe gelem urip karo aku enggal dirembug tuwa.ning aku pengin tresna sing sawetara kaya bojoku biyen. Kudu nganti tumekane pati.”
          “ Matur nuwun ya mas,” ngucap mangkono dheweke sinambi arep ngekap awaku ning dakcegah.
          “Dhik, sapurane ya, mbesuk wae yen wis dadi bojo. Awake dhewe mrene maneh, nginep sakatoge.”
          “Ah njenengan ki nyebeli,” dheweke mleruk, tangane kumlawa njiwit bangkekanku.
          Daksawang srengenge meh anglusup ing sisih kulon. Dakuripke pit motorku mumpung, adzan magrib durung keprungu ing gegana. Setengah jam kayane cukup kanggo mudhun golek masjid ing pakem. Aku pengin ndonga marang Allah muga-muga kasil mbangun kulawarga maneh. Kulawarga sing wutuh sasuwene nyawa manjing ing raga. 

Sumber: Panjebar Semangat No.1-7 januari 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar