Minggu, 27 Desember 2015

Geguritan

Dhandanggula Kasepuhan

lrs.s.pt.sanga

Yogya nira kang parajurit
Lamin bisa samya anuladda
Kadya nguni caritane
Andelira sang prabu
Aran patih suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tripakara
Guna kaya purune ng den antepi
Nuhoni trah utama

Cerita Wayang


Cerita wayang Ramayana : Sintha Kandhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

Geguritan


Maskumambang
Dening: Yusro Edy Nugroho
 
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen dennuta

Artikel Jawa


Artikel Bahasa Jawa Tentang Kesehatan Lingkungan Sekolah
Diposkan oleh Tari Piring 

Artikel bahasa jawa tentang kesehatan - Sekolah ngrupakne salah siji lembaga formal pamulangan sing nduwe guna kanggo ningkatake pangaweruhan lan kabisan anak, ekolah ngrupakne panggon awake dhewe nyaka macem-macem kawruh dadi bekal kanggo nguwawa urip neng banjur dina. Panguwawa lan pangenalan menditail ngenani lingkungan bisa disakakne anak liwat pamulangan neng sekolah.

                                                                                          
Cara – cara sing butuh dilakoke kanggo njaga karesikan lan kesehatan lingkungan sekolah antara liya yaiku.
  • Nanem taneman apotek hidup neng sekolah. 
  • Ngurangi utawa ngirit panggunan lampu listrik pangadhem ruang kelas, konsumsi banyu lan energi liyane. 
  • Nangani mekanisme pambuwangan sampah neng sekolah. 
  • Mbiyasakne kanggo irit kanthi ngolah ulang kabeh dluwang, plastik lan sawarnane 
  • Ndewekake pambuwangan kanthi jenis sampahe kaya sampah organik lan nonorganik. 
  • Gawe program ekstra kulikuler tresna lingkungan, kaya kelompok ijo, pandemen alam lan sawarnane. 
  • Nglakoke diskusi babagan pangingon-ingon lingkungan sekolah lan sawarnane. 
  • Ngenekake studi banding saperlu pangingon-ingon lan undhak-undhakan keresikan saha kelestaren laingkungan sekolah. 
  • Nglakoni tata tertib keresikan lan kelestaren lingkungan ing sekolah. 
  • Ngembangke katresnan lan kepradulen siswa adhep lingkungan sekolah liwat macem-macem loba praduli lingkungan, kaya lomba keresikan terna kelas, nggambar, utawa aneka kreativitas liya sing grapyak lingkungan. 
  • Ngenekake pengawasan lan panjejegan kedisiplinan. 
  • Nggunakne dina-dina gedhe nasional kanggo obah praduli lingkungan utawa gotong royong.


Sakabehane, keresikan lan keasrian sekolah yaiku tanggung jawab bareng saka saben warga sekolah. Kajaba guru lan siswa, pangingon-ingon lan perwujudan lingkungan sekolah sing sehat/ waras  lan asri ora ucul saka sabenan wong tuwa, swasta lembaga swadaya masyarakat nyapokna pamerentah. Kondisi mangkana arep bayen siswa sing cerdas, bermutu, berwawasan lingkungan mawa bisa ngerepake sikap demen lan praduli lingkungannya neng lingkungan sekolah arepa masyarakan.


Sumber: www.sesorah.com/2015/08/artikel-bahasa-jawa-tentang-kesehatan-lingkungan-sekolah.html

Jumat, 25 Desember 2015

Cerkak


Cerkak
Kangen pasar
Dening: Jaran kore

Ora panjenengan ora kliru anggone maos. Ora, irah-irahan iki ora kliru. Pancen “kangen pasar” dudu “kangen pacar”. Kangen pasar. Geneya?
          Rodha bunder montor mabur wis ngambah bantala sawise pirang-pirang jam nggegana. Kanthi mripat rada ngantuk aku menyat saka kursi, menyang lwang, bnjur liwat garbarata. Akhire aku wis ana njero Soekarno-Hatta. Lapangan bandara katon teles merga mentas wae kesiram udan. Muga-muga dalan saka bandara menyang Menteng ora kebanjiran. Adhakane Jakarta iku yen kesiran udan rada deres mesthi banjir. Wis dadi lengganan jare.
          Genep sawindu ku ninggal bumi pertiwi, nyambut gawe ing negara manca jan-jane mono aku ya ora kepengin suwe-suwe urip ing njaban rangkah. Nanging kepriye maneh, jenenge anak buah, dikongkon pimpinan menyang ngendi wae ya kudu mangkat. Tur ya aku ora cucul ragad, wong kabeh diragadi dening perusahaan. Urip ing Negara Paman sam iku pancen larang.
          “Mas Windu! Piye kabare?” Swara semanaka sing ora bakal aku pangling mapag tekaku. Lestari, adhiku siji thil, ora ana liyane. Putra-putrine bapak-ibu ya mung aku kari dhik Lestari, kedhana-kedhini.
          “Apik. Apik wae, dhik. Kowe rak ya slamet, ta? Lha endi sisihanmu? Kok mung dewekan?” pitakonku.
          “Pangestune, Mas! Mas Pras wis ndhisiki tindak Semarang wingi sore, mas. Sowan eyang bocah-bocah, mesisian sungkeman riyaya. Jane aku ya arep diajak wingi,sore, nanging dakpikir becik aku ngenteni rawuhe Mas Windu, banjur mengk bareng menyang Semarang, “Semaure Lestari.
          “Wah, aku dadi ngrepoti sliramu nek ngono,” kandhaku.
          “Alaaah... jenenge sedulur dhewe! Ndadak nganggo repot barang! Wis, ayo gek ondur Menteng. Ngaso-ngaso dhisik, banjur mengko sore utawa sesuk esuk tindak Semarang, “kandhane Lestari karo nyangking koper cilik isi oleh-oleh sing dakgawa saka Amerika Serikat.
          Aku mung manut wae nalika Lestari neret tangan kiwaku. Sasuwene aku urip ing San Fransisco, ya Lestari sakulawargane iku sing dakpasrahi ngurus omahku ing Menteng. Sadurunge bali aku wis tilpun menawa bakal cepet-cepetan menyng Semarang. Urip kesuwen ing negara liya pancen gawe kangen marang omahe dhewe.
          Telung dina kepungkur aku wis tekan Semarng, bareng ko Lestari. Enggal-enggal sungkeman riyaya, nyuwun ngapura lan lan nyadhong berkah pangestune wong tuwa. Kutha lumpia iki pancen ngangeni. Embuh saka ngendi tekane, nalika mangkat saka Jakarta menyang Semarang satleraman tuwuh rasa kangenku marang pasar-pasar ing Semarang. Pasar Johar, Pasar Yai’ik, Pasar Bulu, Pasar Karangayu, Pasar Dargo, lan sapanunggalane. Jeneng-jeneng pasar gedhe iku aku apal-apal. Lha kok ora... ndhisik sabane mlebu metu pasar, tawa jajan pasar. Mula ya apal. Iya merga saka tlusuban ing njero  pasar iku aku bisa tekan megara manca.aku mlebu-metu pasar-pasar mono kanggo ngraadi kuliahku.
          Aku ora ngira yen wektu iku ana pawongan sing nggatekake aku nalika tawa dagangan. Pawongan iku nereni apa aku gelem nyambut gawe ing perusahaane sing manggon ing Jakarta, restoran sing nawakake masakan khas Indonesia. Jare wis suwe dhewekw anggone nyetiteke aku mlebu-metu pasar. Saka pambijine, aku dianggep prigel tur pinter ngepek atine wong. Mula dening wong iku aku arep dilebokke ing perusahaane seperlu ngurusi bagian pemasaran. Mbok menawa wis dadi kersane pangeran karirku mundhak pesat malah nganti didokok ing restoran cang ing luar negeri.
          “Neng ndalem kok sepatonan barang. Arep-arep tindakan ta, Mas?” pitakone Pras mbadhe. Adhiku ipe sing pawakane ndhuwur rada lemu nyedhaki aku.
          “Iya, Dhik. Mumpung tekan Semarang, aku kepengin mubeng-mubeng ndelok kahanan,” wangsulanku.
          “Kersa takdherekke priye?”.
          “Ah, mung Semarang wae kok. Ora-orane yen keblasuk.”
          “Arep tindak ngendi ta?”
          “Pasar Bulu.”
          “Pasar Bulu?”
          “Iya.”
          “Lhadalah..adoh-adoh kondur semarang mung kepengin tindak pasar bulu?”
          “He..he..he..ora usah gumun ngono, Dhik! Aku wis gawe jadwal kanggo dolan menyang pasar-pasar gedhe ing Semarang. Iki ngilo!” kandhaku karo nuduhke kertas saswek ing isine rencanaku tilik pasar. Dina iki pasar Bulu, sesuk pasar Karangayu, sesuke pasar Johar lan pasar Yai’ik, lan sateruse
“wah, sajake Mas Windu wis gawe rencana iki kanthi mateng. Ana apa ta, Mas?” pitakone Pras.
“Dhik, Pras, satemene  aku iki lagi kangen pasar,” saurku karo ngleboke kertas jadwal ing sak clanaku.
“kangen pasar?” pitakone Pras karo mlongo.
  “Aneh pa priye?” aku genten takon.
“Yen dipikir-pikir r ya rada aneh, Mas! Apa ta kurange Mas Windu? Duwe kelungguhan apik ing perusahaan, bayare ya ora seththik. Yen ngersakke dhahar enak, gari mlebu restoran nomer siji. Yen ngersakke barang kanggo padinan, ya mung gari tindaj Matahari, Citraland utawa Ada. Butu mbayar ya gampang, gari gesek-gesek kertu ATM. Apa ta kurange saengga merlokake mlebu pasar sing jember?” tuture pras karo nyulut rokok kreteg.
            “Dhik pras,yen mung kuwi kabeh sing mbok kandhake, aku wis jeleh. Ing San Fransisco kaya ngono iku ora kurang, paribasane kaya telek pating tlecek. Ning kowe apa ngerti yen ana sing kurang ing panggonan kaya ngono iku?”
          “Apa kuwi, mas?”
          “Swasana sing rumaket, ganda pasar sing khas, senine nyang-nyngan. Kuwi mau ora ana ing pasar swalayan, ora ana ing restoran,” kandhaku.
Pras mung manthuk-manthuk.
“Saiki coba, kaebh rega ing pasar swalayan rak esthi wis dipas. Kabeh mung manut angka-ang ing barcode. Kepriye bisane nyang-nyangan? Njur kahanane sarwa resik, nganggo AC. Sarwa kalis saka ambu amis. Apa ana mambu kringete wong nyambut gawe ing njero pasar swalayan. Ora ana! Anane mung mambu parfum. Ambu khas njero pasar tradisional ora bakal kambon ing pasar swalayan. Terus yen sesuk, ora bakal ing pasar tradisional aku disusuki nganggo permen. Mesthi ana dhuwit receh, senajan elek-elek. Menawa ora ana susuke, malah entuk imbuh blanjan. Apa imbuh blanjan bisa klakn pasar swalayan? Genah mokal,” kojahku dawa.
“Iya, iya mas. Aku kok ora mikir nganti semono,” kandhane pras.
“Lha mbokmenawa Dhik pras wis kepenaken ngancani blanja Dhik Tari ing pasar swalayan,” tuturku mbeda Dhik pras.
Pras ngguyu, raine semu abang.
“Saiki apa Dhik pras tepung karo sing jaga pasar swalayan? Wingi sing jaga jenenge Susi,dina iki Tutik, sesuk Endang. Lha yen ing pasar tradisionl rak wis genah sapa wonge. O, pojok kana sing adol lombok: mbok drana rwit, sing bakul bumbon: mbah japawiro. Yen swasana rumaket kaya ngono iku kang langka ing pasar swalayan, Dhik!” kandhaku njlentrehake sinambi ngeling-eling jenenge wong-wong sing daksebut iku. Isih padha sugeng ora ya?
“Wah, wah.... sajake kok ana pembicaraan serius. Ana apa ta iki?” pitakone Lestari sing teka karo nganthi anake ragil sing umure ngancik patang taun.
“Iki lho Dhik Tari, mas windu  ki keraya-raya saka manca merga kangen pasar,” semaure pras disusul guyune.
“Bener pa, Mas?” pitakone Lestari marang aku.
“Iya Dhik,. Malah iku mau Dhik Pras nyaguhi arep ngaterke aku mubeng-mubeng. Ning bareng aku arep menyang pasar, embuh sida apa ora,” aku nggojegi pras.
“Genah sida, mas. Kapan? Saiki?” panantange pras.
“Ya ayo!” kandhaku.
“Arep titip apa, Dhik?” pras takon sisihane.
“Titip apa ya? Anu .... cenil, nagasari, karo...semar mendem wae,” saute Lestari.
Lha koe arep titip pa karo pakdhe cah bagus?” pitakonku marang anake Lestari.
“Pundhutke.... alum manis kalo lujak ning ola pedhes,” semaure pelo.
Aku karo pras pamitan bapak-ibu. Pras sing nyopir, nglakokke kendharaan alon-alon amarga dalan isih kebak wong sing arep bali menyang Jakarta, menyang kutha gedhe liyane, lan luar jawa.
Jam lima sore aku wis adus banjur lungguhan ana teras, dikancani teh anget lan lodhong isi krupuk. Karo merem-merem aku ngrasakke gurihe krupuk gendar sing daktuku mau awan ing pasar Bulu. Panganan kaya ngene iki langka ana ing San Fransisco. Sinambi  kriyak-kriyuk ngematike rasane krupuk, aku wis lali ngenam rancangan kanggo nlusub pasar dina sesuke.


Sumber: panjebar semangat-46/2005