Jumat, 25 Desember 2015

Geguritan


“ Sliramu sing dadi impian”
Dening: sri wulansari

Saben wengi sliramu sing dadi pikiran
Nadyan swara batin kang ora bisa dingerti
Rong taun suwene nunggu sliramu
Tresna lan janjimu sing dadi geganjelaning atiku

            Kene aku namung bisa nunggu
            Nunggu tekamu ing pangarepanku
            Tresna kang abadi tak jaga ing atiku
            Nadyan ati ngrasa sepi            
            Nanging ora dadi ngapa
            Doa lan setyaku tulus maring sliramu
            Sliramu sing dak tresnani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar