“SLIRAMU SING
DADI IMPIAN”
Dening; Sri Wulansari
Saben wengi sliramu sing
dadi pikiran
Nadyan swara batin kang ora bisa dingerti
Rong taun suwene nunggu sliramu
Tresna lan janjimu sing dadi geganjelan ing ati
Kene aku namung bisa
nunggu
Nunggu tekamu ing
pangarepanku
Tresna kang abadi
tak jaga ing atiku
Nadyan ati ngrasa
sepi
Nanging ora dadi
ngapa
Doa lan setyaku
tulus maring sliramu
Sliramu sing dak
tresnani
“WARUNG ANGKRINGAN”
Dening; Sri Wulansari
Saka adoh keton cetha grobakmu
Wujudmu sing dadi penasaran
Nadyan cilik bungkuse
Nanging gawe geganjelan ing weteng
Ing warung pinggir
dalan kuwi
Aku nemoake wujudmu
jogedan ing wajn
Rasane gurih lan
enak
Dibatiri segelas es
teh manis
Sanajan remeng-reng lampune
Dadi pangujane wong-wong
Angkringan kang setya
Gawe ganjel ing wayah wengi
“SURYA KANG ANGSLEP”
Dening; Sri Wulansari
Sore kang tumeka
Wayahe manuk-manuk kang padha ngandhang
Kene suryamu ketok angslep
Mertandha suryamu bakal ilang
Ilang ing bumi iki
Ambane laut kang
ketok anteng
Banyu biru kang
padha playonan
Gawe trenyuh ing ati
iki
Warna endah ing
suryamu
Gawe nentremake ing
jroning ati
Nadyan ilang, nanging warnamu
Tekamu gawe bungahing atiku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar