[Cerkak] Tresna Iku Ora Kudhu Dhuweni
Sore wus
sampurna katekanan wengi.Wengi kang sepi tanpa swara. Adheme ubin wis ora
dirasaake ragaku. Awakku wis ora bisa ngrasakake sumilire angin. Daksendeake
awakku ana ing tembok, dakkekep sikil loroku kanthi rasa sedih.Aku amung bisa
meneng, tanpa bisa ngucap apa-apa.Dakpandheng sliramu.Mripatku kaya-kaya ora
bisa pindhah.Dakdhelok mripat kuwi mandeng kertas. Kertas kang tak kenal, foto
kang ngelengake aku ana ing dina kwi….
____________**______________
Sumilir angin
krasa adhem nyapu kulit.Mripatku mandheng nyawang mangalor.Nyawang pager omahku
kang katon teles kekenan udan.Teletik grimis turahan udan isih pisan pindho
nelesi lemah omahku.
“ Sugeng ambal warsa, Mas”. Omongku kanggo mecah
sepining wengi iki.
Pawakan lanang
bagus kuwi tansah mesem lan malih mandheng awakku. Aku uga mandheng slirane
karo mesem.
“Maturnuwun”.Wangsulane
cekak aos.
“Iki
kadomu”.Tanganku karo ngulungake kotak kang dibungkus karo kertsa putih
kasenenganku.
“Aja
dibuka”.Guyonku wektu Agung arep buka kadone.
“Matur nuwun,
Dik, matur nuwun tansah gelem ngancani sliraku seprana-sprene nganti tekan
saiki”.
Sliraku kaliyan
Mas Agung pancen uwis kurang luwih 2 tahun sesambungan.Senajan umurku kaliyan
Mas Agung bedha adoh, nanging aku ngrasa kepenak kaliyan slirane. Mas Agung
bisa mapanake awake. Bisa dadi kakang kang ngerti kahanane adhine, uga bisa
dadi sesandingan kang pangerten. Mas Agung bisa menehi kasih saying kang ora
bisa dakentuk saka bapak lan ibuku.
“Mas, aku uwis
lulus, wis ketrima ana ing universitas kang dikarepake marang bapak saha ibu”.
“Aku percaya
sliramu bisa gawe bungae bapak lan ibu, Dik”. Omongane Mas Agung gawe bungah
atiku sing kawit wingi rada ganjel, amarga ora bisa mlebu ana ing jurusan sing
dakkarepi.
“Aku pengen
gawe bangga wong tua kang wis ngangkat aku dadi anak iki,Mas”. Wangsulanku karo
mandheng adhoh ana ing langit.Mandhang rembulan kang lekas ngetokake rupane
ngilangi mendhung.
Karepku mung
sepele. Mung arep gawe bungah bapak saha ibu kang wis ngangkat aku dadi anak
angkate iki. Mula kuwi dakturuti apa kang dadi kekarepane bapak, mlebu ana ing
jurusan kesehatan. Ana ing njeroning atiku, aku kepengen mlebu ana ing jurusan
liyane.Sanajan ora seneng, nanging aku kepengen nuduhake marang sapa wae yen
aku iki bocah kang “tahu diri”. Bocah kang bisa ngerti penggalihe wong tuo.
“Aku bakal dhuweni calon, calon dokter”. Guyone Agung
gawe mantep atiku
.
____________**______________
“Aku isih nyimpen kadomu, Dik”.Panngucape lirih
kaya-kaya ngampet tangis.
“Foto iki bakal tansah ngelengake aku marang sliramu”.
Swara lirih
kuwi gugah aku saka lamunanku. Foto kuwi pancen kado sepisan lan pungkasanku
kanggo Mas Agung. Mas Agung pancen ora gelem tak wenehi kado sing aku mesti
ngetokake duwit. Jare aku iki isih sekolah.Urung bisa ngaselake duwit
dhewe.Mula kuwi dakcethak fotoku kanggo hadiah marang Mas Agung.
Wengi san saya
mrambat, pandhenganku isih tumuju ana ing wong lanang kuwi. Dakkremes
driji-drijiku dewe, ing antarane rasa adhem lan rasa kelangan ana ing njero
atiku. Saklebet aku mandheng slirane, mripat bening kuwi tumuju ana ing salah
sawijining papan.Tak dhelok kuwi undangan.Undangan kuwi katulis jenengku.
Tikaningsih Saraswati. Ana luh bening tumetes saka mripat lorone.Aku ora kuasa
mandheng slirane, ora krasa luhku mrebes mili.Angen-angenku mabur ana ing wektu
kuwi. Wektu aku ketemu karo Mas Agung kanggo sing pungkasan.
____________**______________
“Dik aku uwis
duweni calon”.Swarane lirih. Mecah swasana sing katon bedha iki.
Atiku
maktratap.Dadaku kebak sesak, ilatku ora nduweni daya kanggo nyuwara.Ora krasa
luhku netes ana ing tangan.
“Tikaningsih”.Pangucapane
karo gegem tanganku.Aku isih matung.Kaget karo kadadean iki.ora pernah kapikir
ana ing angenku Mas Agung bakal ninggalake aku kaya mangkene.
“Apa tenan Mas
Agung arep nikah?.” Pitakonku rada gemeter.Aku ngerti slirane uga abot karo
pepisahan iki.
“Tika, aku ura
bisa nulak kekarepane bapak, bapak kepengen anak lanange nikah sak durunge
slirane ngadep Gusti”.
“Tega”.
“Banjur aku
kudu kepiye?. Aku dhewe ora gelem dadi bocah sing durhaka marang wong tuo,
Bapak uwis sepuh. Lek kepengan ndelok putrane nikah. Aku ora bisa terus-terusan
nunggu sliramu sing ora pasti. Bapak uga ora sarujuk menawa aku karo sliramu,
Dik”.
“Aku kepengen
Sliramu ora nikah”.
“Nanging awak
dhewe kudu ngerteni kahanan iki, Dik”.“Sliramu bisa entuk bocah lanang kang
luwih apik tinimbang aku”.
Tak pandheng
slirane.Mripat kang biasane eyup sumringah malih dadi mendhug.
“Yen ngono
sliramu kudu nulak kekarepane bapak”.
“Banjur kepiye?.Apa
aku kudu nglawan kekarepane bapak?”
Yen
pancen kuwi dalan sing luwih apik kanggo tresnaku lan sliramu, kena apa sliramu
ora gelem? Apa pancen sliramu ora wani? Apa tresnamu among ing lati? Apa aku
iki among mbok dadekna papan kanggo nunggu calon sisihanmu?.
“Kena apa
ora?”.
“Yen kuwi sing
dadi kekarepanmu, aku oara bisa nuruti. Aku njaluk pangapura”.
“Tega kowe Mas,
kowe ora tenanan tresna karo aku”.Pangucapku karo swara setengah gemeter.
“Aku tresna
karo kowe, Dek.Nanging aku ora bisa nerusake tetalian marang sliramu.Aku njaluk
ngapura”.
“Iki laying
undanganku kanggo sliramu, Dek.Aku pengen kowe gelem ngrestuni aku”.
Aku tangi,
banjur mlayu ninggalake layang undangan lan Mas Agung tanpa pamit. Aku ora
kuasa nahan luhku.Aku ora rela ditinggal marang Mas Agung.
“Tika”.Swarane
banter nyeluk aku.Nanging aku ora ngubris.
____________**______________
Aku ora
kelingan apa-apa.Awakku ana ing salah sawijining dalan kang dhowo banget
kaya-kaya ora ana tembuse.Dalan kuli kabeh putih.Aku mung bisa mlaku ora ngerti
arah.Sikil iki nuntun aku embuh ana ing ngendi.Dalan kuwi sepi.Ora ana manungsa
ora ana wit-witan. Ana ing sak tengahe aku mlaku, ana ing dalan kuwi ana
cahya kang cemlorot saka kadhoan. Cahya kuwi nyeret awakku.Saya suwe saya suwe
cahya kuwi saya cemlorot nglarani mripatku.Dakremke mripatku amarga ora
betah.Ewodhene suwe-suwe dakbuka mriptku.Aku nemoni ragaku ana ing peturon,
kebak maneka warna alat-alat kang aku ora ngerti. Bapak lan ibu kabeh padha
nangis sesenggukan. Aku ora ngerti ana kadadean apa iki?.Ngapa awakku dipasngi
alat-alat kaya mangkono?. Ngapa aku ana ing peturon kuwi, nanging aku ana neng
kene?. Ngapa kabeh padha nangis?.
Sadar ora sadar
aku wis nangkene. Nangkene lungguh ngadepi wong lanang sing paling daktresnani.
Wong lanang kang sak kelinganku isih omong-omongan marang aku sakjam mau.
“Dik, iki kabeh
salahku”.
“Kabeh ora
bakal kadadean kaya mangkene, nek aku ora njaluk ketemu marang
sliramu.”.“Kecelakaan kuwi ora bakal tok alami, Dek”.Swarane Mas Agung gemeter
ora kuat nahan nangis meneh.
“Mas, iki kabeh
udu salahmu”.“Iki kabeh pancen uwis suratan”.
Aku sadar
wektuku uwis ora suwe. Gusti Kang Maha Agung wis nimbali aku bali. Bali
marang omah sing saktenane. Ana ing wektuku sing saya suwe saya sethitik iki
aku arep ngucapake, maturnuwun marang sliramu kang uwis sabar ngadepi sliraku
lan..
“Mas, dakrestui
sliramu sesandingan marang slirane”.
“Aku rela,
sliramu bakale nikah”.Nanging ana ing njero atiku.Aku isih tresna marang
sliramu.Aku mangerti tresna kuwi ora kudu dhuweni.
“Mugi-mugi
sliramu tansah kebak kebahagian”. “aku rela, aku rela Mas lan karo iki aku
pamit”.
Sumber: Dremypermeshinta.blogspot.co.id/2012/12/cerkak-tresno-iku-ora-kudu-dhuweni.html

Tidak ada komentar:
Posting Komentar