Kabudayan Jawi (Geguritan)
Malem Minggu
wancine dolan,
Kumpul bebrayan karo sabarakan
Ndik cilik dolananku jamuran,
Engklek lan jethungan
Agawe sanak lan seneng.
Nanging saiki, anggonku dolanan biyen
Mak bedunduk dadi omah, wes ora ono latar sing iso dinggo dolanan.
Bocah saiki ora kenal dolananku mbiyen.
Ora kenal tokoh pahlawanku mbiyen
Ora kenal Gatotkaca, Semar, Bima, Antasena, apa meneh Pandawa.
Sak ngertine mung Superman lan Batman.
Bocah saiki wes kebacut klelep lan ajur ing jagad anyar, ngantek ra krasa,
Yen kabudayan jawi soyo suwe soyo ilang.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar