Rabu, 02 Desember 2015

Cerkak


*Cinta Ditolak Maring Dhukun Urut*
Nalika kelas 2 SMA Putri kang duwe hubungan asmara karo Mas Pras kang suwene setaun. Putri lan Pras padha-padha sedesa. Nalika asmara kang wis suwe lawase, hubungan putri lan pras apik-apik wae, ora ana masalah apa-apa. Asmara kng wis suwe dirajut, wong tuane putri ngerti yen putri pacaran karo pras. Nalika kuwi putri diomongi werna-werna karo wong tuane. Putri ora olih pacaran karo pras, merga wong tuane putri kapengin yen anake rampungake sekolahe disit. Pras kang luwih tua umure karo putri, naning dewasa ngadepi putri kang manja. Pras namung karyawan biasa ing pabrik roti, kang ora nutugna sekolane tekan SMA. Ing sawijining dina putri eling-eling ngendikane wong tuane yen dheweke ora olih pacaran karo pras. Seminggu suwene putri ora sms lan ora telpon karo pras, merga putri ora pengin yen dheweke dadi anak kang durhaka marang bapak lan ibune. Nalika wengi jam 7, pras sms putri.
“Put piye kabare? Kok ora ana kabar, apa kowe ora kangen.” Smse Pras.
“Alhamdulilah sehat mas.” Ujare Putri.
Nalika sms pirang-pirang balesan, putri ngomong karo pras yen dheweke pengin bubaran asmarane.
“ Mas pras yen dhewek pancen ora ana jodoh, putri  pengin yen dhewek kuwi bisa dadi seduluran wae.” Ujare Putri.
“Lha ana apa toh cah ayu? Kok ngomonge kaya ngono kuwi.” Ujare Pras.
Putri balesi smse pras “Yen hubungan ora disetujui karo wong tua, ora bakal kadadean dadi siji mas.”
“Apa wong tuamu ora nyetujui yen awakmu pacaran karo aku put?.” Ujare Pras.
“Iya mas, Bapak karo Ibu kapengin yen aku rampungake sekolane, merga aku ngomong kaya ngene karo sampeyan.” Ujare Putri.
Nalika maca smse putri kaya ngono kuwi, Pras ora bisa apa-apa. Asmara kang suwene setaun bakal mandheg ing tengah dalan. Pras putus asa, nalika pacaran karo putri, pras pancen wong sing apik. Dheweke ora ngrokok, ora ngombe-ombean sing ora apik, wonge sopan. Nanging nalika cintane ora bisa dadi siji, Pras dadi ora karuan uripe. Dheweke malah nyoba ngrokok lan duwe niatan bunuh diri. Sewulan suwene adhine pras ngabari putri yen mas pras digawa ing griya sakit, merga mas pras nekad bunuh diri. Nalika olih kabar saka adhine pras, putri nangis, ing batin putri ngomong.
“Kenang apa toh mas sampeyan kuwi, arep bunuh diri, yen pancen awake dhewek ora jodoh, sampeyan ora susah nglakoni bunuh diri kaya ngono kuwi.”Putri nangis ing jero kamar.
Seminggu sawise olih kabar yen pras digawa maring griya sakit, putri olih kabar yen pras wis sehat atine putri melu seneng. Nalika pras wis sehat, pras esih ngabari putri yen dheweke ora pengin bubaran hubungane. Sanajan wong tuane putri ora nyetujui, nanging pras kepengin jalin hubungan karo putri. Pras jaluk ketemuan, putri nolak merga ora pengin ketemu karo wong sing disenengi kuciwa karo apa sing dadi perkara kang gawe ngrusak uripe pras. Pras bener-bener putus asa, ora duwe angen-angen nalika nyetir motor. Pras numpak motor ngebut banter kaya setan, pikirane kothong namung putri kang ana ing pikirane. Asmarane bubar, setaun ibarat sewengi wong sing ditresnani malah ora olih restu karo wong tuane. Saking ngebute pras ora nyadar yen dheweke nabrak wit-witan kang gedhe kang ana ing pinggir desa. Dheweke pingsan, Warga kang padha nulungi kanthi padha geleng-geleng merga wit-witan kang gedhe kuwi bisa ditabrak motor nganthi motore ancur. Pras digawa nig omahe warga kang nulungi pras kuwi, nalika 15 menit pras sadar, dheweke malah nangis sesenggrukan. Ana bapak-bapak kang nulungi pras kuwi ngendikan.
“Cah bagus, kowe wis sadar?.” Bapak Sutojo kang nulungi pras.
“Inggih pak.” Ujare Pras karo nangis.
“Lha kok kowe nangis? Piye, awakmu apa ana sing lecet.” Ujare pak Sutojo.
“Boten pak, nanging atiku sing lara banget. Rasane kula pengin mati kemawon, ketimbang  urip nandhang lara ingkang boten woten obate.” Wangsulane Pras.
Ning kono pras nyeritakake crita hubungan asmarane karo pak Sutojo kang wis nulungi pras. Nalika ngrungokake critane pras, pak sutojo ngendikan.
“Lha, mas..mas.. sampeyan ikih esih enom, gagah. Yen tresnane sampeyan ora dadi siji, sampeyan ora usah gawe awake kaya ngene iki.” Ujare pak Sutojo.
“Kula sampun boten saged malih pak, menawi uripku nandhang lara kaya ngene.” Pras karo nangis.
Nalika kuwi pras digawa menyang dhukun urut. Ning kono pras ditambani larane. Sanajan lara sing dirasake pras, ora bisa nandhingi rasa lara atine merga asmarane bubaran kaya ngene kanthi pras cilaka numpak motor. Sawise ning omah dhukun urut, pras ditakoni karo mbah dhukun urut kang arep nambani larane.
“Mas, sing lara ana ing sisi ndi?.” Ujare mbah dhukun urut.
“Ana ing atiku mbah.” Wangsulane Pras.
“Owalah, mas...mas.. sampeyan iki lara merga cintane sampeyan pegat ning tengah dalan?.” Ujare mbah dhukun urut.
“Inggih, tresnane kula bubaran merga tiyang ingkang kula tresnani boten disetujui kaliyan bapak lan ibunipun.” Ujare Pras.
“Lha, sampeyan cilaka, merga numpak motor ngebut nganthi sampeyan nabrak wit-witan kang ana ing pinggir desa kana kuwi.” Ujare mbah dhukun.
“Kula boten sadar mbah, menawi kula nabrak wit-witan.” Ujare pras.
“Pancen jaman saiki wong pacaran yen ora dadi siji ya ngene, ora mikir ning arepe. Ana wit-witan gedhe wae nganthi ditabrak saking ora weruhe. Dadi kaya ngene cinta ditolak maring dhukun urut.” Mbah dhukun guyu ngakak.  
Nalika kadadean cilaka kuwi pras sadar, yen dheweke pancen ora ana jodoh karo putri. Pras nerusake uripe kaya biasane dadi karyawan roti ing pabrik, lan dadi jiwane pras sing apik, ora ngrokok lan liya-liyane. Semono uga karo putri, putri nerusake sekolane kanthi lulus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar