Roso Titie Sarkoro
Wis Winanci
Wis wancine srengenge ing raimu
Lan geni wis sajroning dhadhamu
Kumel kucem pucet ambleret
Kecorok idu sewu seteru
Ludhes dadi awu
Sirna kesaput sepata sayuta kawula
Wis
winanci gemebyaring lampu robyong
Ing
gedhong magrong
Lan
cahya pamormu
Sirep
surem remeng-remeng
Binareng
surup langit kulon
Kang
tansah agawe pamer
Congkak
lan lali mring duksina
Delasan
tumindak kang daksiya
Marang
kawula lan sesama
Wis winanci tekan titi mangsa
Dumadi pungkasing carita
Angundhuh wohing pakarti
Srengenge mudhun saka kursi
Kesepak jaran negar
Tungganganne para santri lan kawula tani
Bocah-bocah tetembangan
Ngeja
tilas tapak sepatumu kang mawa paku
Sikil
angkuh kang pengkuh
Ngidek
daksiya
Sadawaning
dalan bengkong kang kebak lika-liku
Ya lagi
sepisan iki
Ana
lakon wong edan dadi bupati
Nadyan edan, saedan-edane manungsa
Ora bakal bisa nglangkahi kuwasaning Gusti
Kang Murbeng Dumadi
Elinga manungsa mono sarwa winates
Iki wis tekan titi wanci jaman pungkasan
Delengen, bakal akeh satriya nandhang wirang
Temanggung,
juni 2005
Sumber; panjebar Semangat-46/2005
Tidak ada komentar:
Posting Komentar